Laman

Sabtu, 03 Agustus 2013

PARIKAN JOWO



~ Sedulur kang podo elingo
~ Soro urip ing alam ndunyo
~ Temenono anggonmu ngaji
~ Tembe mburi ben ora rugi

~ Ngelingo lamun wes mati
~ Wes wancine ra biso nyelak'i

~ Disandangi pakaian sarwo puteh 
~ Yen wes budal ora biso muleh

~ Ditumpakne kreto jowo
~ Rudo papat rupo menungso
~ Jujuk'ane neng njero guo
~ Tanpo bantal tanpo kloso

~ Diselehne ngalor mujur'e
~ guo ne kang banget ciut'e
~ Ing kunu ra ono lawang'e
~ Turu dewe ora ono kancane

~ Ditutupi anjang-anjang
~ Diuruki disiram kembang
~ Yen urip'e gelem sembahyang
~ Alam kubur'e bakal padang

~ Naliko kito kudu liwat dalan munggah
~ Snadyan kroso wegah lan susah
~ Nanging kito tetep kudu jumangkah

~ Ngunu kuwi dalane urip
~ Kudu dilakoni wong iku wajib
~ Ora perlu ngguyu latah-latah
~ Yen lagi nemu bungah

~ Ora usah nggriyeng tangisan
~ Yen lagi nemu alangan
~ Ngresulo lan nelongso
~ Mung nambah abot'e cubo

~ Sing becik mung pasrah sumarah
~ Pangeran mesti paring berkah

*AMIIIIIIIIIIIIIIIN ,,,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar